Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2023

ndalu iki

aku iki mung uwong cilik sing ora ngerti dalan takdire Gusti anane mung tawakal lan sabar anggone nglakoni ing wektu iku aku dedonga marang Gusti Pangeran  “nyuwun pangapunten Gusti kulo mboten ateges nyerah, ananging kulo taseh Jenengan paringi raos syukur, amargi lewat kedadean niki Jenengan taseh tresno marang kulo Gusti paringi kulo kuat ati, padang pikire, jembar sabare supados kulo saget nggayuh dhawuh e Jenengan kulo mboten punapa Gusti menawi dadi coba,  amrih becik ngoten niki Gusti menawi angsal Gusti kulo nyuwun paringi dalan sing gampil anggene kulo nggegayuh ngelmu kulo namung pengen ngrampungaken napa sing mpun kulo wiwiti,  matur sembah suwun Gusti…” aku dadi ngerti nikmate sabar nalika dadi coba sekar bakal mekar selaras kaliyan wektune semono uga, kabahagiaan ora luput kanggo manungsa asal tinampa marang takdire Gusti