aku iki mung uwong cilik
sing ora ngerti dalan takdire Gusti
anane mung tawakal lan sabar anggone nglakoni
ing wektu iku aku dedonga marang Gusti Pangeran
“nyuwun pangapunten Gusti
kulo mboten ateges nyerah,
ananging kulo taseh Jenengan paringi raos syukur,
amargi lewat kedadean niki Jenengan taseh tresno marang kulo Gusti
paringi kulo kuat ati, padang pikire, jembar sabare
supados kulo saget nggayuh dhawuh e Jenengan
kulo mboten punapa Gusti menawi dadi coba, amrih becik ngoten niki Gusti
menawi angsal Gusti kulo nyuwun paringi dalan sing gampil anggene kulo nggegayuh ngelmu
kulo namung pengen ngrampungaken napa sing mpun kulo wiwiti,
matur sembah suwun Gusti…”
aku dadi ngerti nikmate sabar nalika dadi coba
sekar bakal mekar selaras kaliyan wektune
semono uga, kabahagiaan ora luput kanggo manungsa
asal tinampa marang takdire Gusti
Komentar
Posting Komentar